Berdikari - Piweling Kumpulan Geguritan - Bening Pustaka
Berdikari - Piweling Kumpulan Geguritan - Bening Pustaka
Berdikari - Piweling Kumpulan Geguritan - Bening Pustaka

Berdikari - Piweling Kumpulan Geguritan - Bening Pustaka

Rp 50,000
Rp 45,000
Lumakuning urip ora mesthi alus. alang-alang, krikil, udan, lan becek yaiku babagan sing lumrah kotemoni. “Mergane uwong urip iku kaya apa wae kahanane kudu semeleh, dhaup marang Gusti. Kekabehane wis ana sing ngatur, manungsa iku kayadhene wayang kang manut karo dhalange, kayadhene upa sing bakal mlebu wetenge sapa-sapane.” Mengkana piwelinge biyungku marang anak-anake, aku salah sijine. Akeh banget piweling wong tuwaku sing ora kaetung cacahe, sing ngancani urip kanggo lumaku luwih becik. Ora owah saka babagan weling-welingan iku mau, bakal luwih akeh piweling-piweling urip kang bakal kotemokake ana ing sajroning buku antologi geguritan iki, kanggo ngerteni kahanane urip kuwi kaya piye saka lair, bocah, tresna, impen, nganti pangeling-eling pati. Banjur kepiye lan kaya apa isine? Buku iki wajib kanggo kanca-kanca sing pengin ngerti piweling ringkes kanggo paugeran urip lan tambah kawruh anggone gurat lan gurit kanthi basa kang gampang dingerteni. Buku antologi geguritan iki bakal cocok kanggo kanca leyeh-leyeh sinambi nyruput kopi ing wayah sore.
Jawa kuncara! Judul Buku: Piweling Kumpulan Geguritan Penulis: Devika Herfianingtyas Penerbit: Rua Aksara, 2020 ISBN: 9786237258810 Kategori: Puisi, Geguritan Bahasa: Indonesia Dimensi: 13 x 19 cm | Soft Cover Tebal: viii + 68 hlm l Bookpaper Harga: 50.000
 
 :
 :
200g