Image of a product

Ajar Bali dadi Wong Jawa - Interlude

Rp 70,000
Rp 63,000

Iman Budhi Santosa, pengarang dwibasa kang seda 10 Desember 2020, isih ninggalake tulisan-tulisan kang awujud esai lan geguritan. Ana kumpulan esai basa Jawa kang wis karacik, karantam dadi bakal buku dening penulis sadurunge kondur bali seba Gusti Allah. Esai-esai ing komputer wis katata sajroning folder kanthi irah-irahan “Ajar Bali dadi Wong Jawa” taun 2019. Mbokmenawa kanthi cara iki “bakal buku” kang wis karakit kuwi bisa wujud buku kumpulan esai basa Jawa. Jaragan, kejaba kanggo negesi laku sastra kang wis dilakoni, buku iki bisa uga nggenepi “tinggalane” Suwargi. Awit, buku puisi, cerpen, novel, esai, kang katulis nganggo basa Indonesia wis ana. Geguritan, novel, cerkak uga wis dadi buku. Dene sing dirasa durung nate lair ya kuwi buku esai basa Jawa.

Penulis: Iman Budhi Santosa

Penerbit: Interlude, 2026

Kategori: Kumpulan Esai

ISBN: 9786347472083

SKU: BRD25556

Dimensi: 14 x 21 cm l Sofcover

Tebal: x+138 hlm | Bookpaper

Harga: 70.000

 
 :
 :
300g